Srengenge

Srengenge
Bagai sang Surya menyinari dunia

Thursday, March 17, 2016

YA... NGENE IKI

Ya ngene iki aku
Rep dikapake meneh
Turu meneng melek mlaku
Ora kurang ora luweh

Karepmu aku dadi sampeyan
Karepku sampeyan dadi aku
Lha...terus dadine kapan?
Ora apa apa kanggoku

Aku dudu sampeyan
Ko aran ala mangga
Ko aran apik mletik
Arana sasenengmu

Lho...isih ra nrima
Sing menehi sapa?
Aku ra njaluk
Mung manthuk manthuk

We...lah ndadak kesurupan
Wayahe sih esuk ki
Wis aku arep bali
Muga dha slamet ing ndalan....

No comments:

Post a Comment

Suatu tanggapan adalah salah satu ilmu, berilah tanggapan yang bermanfaat bagi orang lain dan dirimu sendiri